Gendruwo Jengkol
dening Rie Rie
Mripate bunder gedhe, rupane
soklat. Irunge bengkong, ilate dhawa werna ijo. Nalika guneman wewujudan kuwi
mau mambu jengkol. "Apa iki Gendruwo Jengkol ya," batine Sari.
Sari mundur rong jangkah.
Sumadiya, masang kuda-kuda. Sari mono kerep entuk kanugrahan medhali emas ing
kejuaraan taekwondo tingkat kabupaten, mula ora gumun menawa ta Sari trengginas
lan waspada. Apamaneh nyawang wewujudan aneh lan nggegilani kaya ngono kuwi,
Sari rumangsa perlu ngati-ati amarga dheweke ora ngerti sepira kekuwatan
wewujudan mau.
"Aku rak ora ngomong nek
bakale memungsuhan karo awakmu ta Ndhuk cah manis," ujare wewujudan mau.
"Aku rak ora ngerti sapa
kowe ta? Aku ya ora ngerti apa karepmu. Tur maneh wujudmu aneh, nggegilani tur
mambu. Wuek!" Sari ngipatake tangan tengene.
"Kowe ki Gendruwo Jengkol
ya?" pitakone Sari sajak semu wedi nanging isih kebak kaprayitnan.
"Gendruwo Jengkol? Ha ha ha
ha...," wewujudan mau ngguyu ngakak.
Ambune jengkol sumebar, ndadekake
ambegan sesek.
"Ngendi ana Gendruwo Jengkol Ndhuk! Ha ha ha ha...."
"Lha witekna ambumu kaya
jengkol," ujare Sari sinambi nutupi irunge.
"Sari...Sari.... Ababmu kuwi
ya meh padha karo jengkol."
"Ngawur!" pambengoke
Sari.
"Ha ha ha ha...," wewujudan
mau ngguyu maneh.
Sari ora kuat mambu jengkol.
Dumadakan wae wetenge krasa kaya diudhak. Lan sanajan ta Sari dudu wong kang
seneng tinggal glanggang colong playu, ning Sari kepeksa mlayu tumuju omah.
Ngliwati ruang tamu, ngliwati ruang kaluwarga, ngliwati ruang makan, ngliwati
pawon lan ngenceng tumuju pekiwan. Sakbanjure...
"Huwek...huwekkk...,"
Sari muntah-muntah ing toilet.
Ibu sing nembe manasi jangan ning
pawon nganti kaget.
"Ana apa Sar? Masuk angin
ya?" pitakone ibu.
Sari gedheg-gedheg.
"Ndang adus gek mangan trus
turu," kandhane ibu.
"Huweekk...huweekk...,"
Sari muntah maneh.
Sari rumangsa awake teles kebes,
kringeten. Mambu wuntahan lan mambu jengkol. Mula enggal-enggal wae dheweke
mlebu kamar saperlu njipuk klambi tuli adus. Sakrampunge adus, kanyata kabeh
kaluwarga wis ana ing meja makan, sumadiya mangan.
"Wah telat kowe Ndhuk.
Jengkole wis takentekna," aloke mbah kung.
"Peneran, lagi eneg nyawang
jengkol Mbah," sumaure Sari lega.
"Lho purik ya? Guyon kok Ndhuk. Iki isih takngengehi lima," ujare mbah kung karo ngikik.
"Wegaaahh!" pambengoke
sari karo kipa-kipa, sajak keweden.
"Kaya nyawang Gendruwo Jengkol
wae kowe ki Sar," ujare bapak. Mbah Kung ngguyu kekel.
"Pak! Mbok aja medeni aku
ta," kandhane Sari.
"Wedi apa ta? Biasane ya
mangan semur jengkol ngono kok, ana-ana wae," ujare ibu.
"Lha wong dhek mau aku
ketemu Gendruwo Jengkol tenan kok Buk," kandhane Sari gregeten merga
rumangsa digeguyu.
"Ha ha ha...," kabeh
ngguyu kekel.
Sari jengkel.
"Iki tenan! Mau sore aku
ketemu ndek mburi omah. Jian nggilani lan mambu banget," Sari mbesengut.
"Lagi ketemu sepisan ta
Sar?" pitakone ibu.
Sari manthuk.
"Awake dhewe weruh saben
dina. Iya ta Pak?" ujare ibu marang bapak.
"Iya. Saben dina,"
wangsulane bapak karo mesem.
"Ah tenane? Mripate bunder
coklat, irunge bengkong, ilate ijo?" pitakone Sari.
"Dudu," wangsulane
bapak, ibu lan mbah kung bebarengan.
"Wee...," ujare Sari karo melet.
"Mripate mbawang sebungkul,
irunge mancung, ilate biasa wae, mung ambune wae sing padha, padha badhege,"
kandhane ibu.
"Lha kuwi wonge neng ngarepe
kaca," ujare mbah kung karo ngempet guyu.
Sari age-age tumuju ing kaca
pangilon gedhe kang ana ing ruang kaluwarga.
"Endi ta mbah?"pitakone
Sari.
Mbah Kung ora wangsulan malah
kepara ngguyu kekel.
"Sapa sing mbok sawang
Sar?" bapake sing takon.
"Sari," jawab Sari.
"Ya kowe kuwi Gendruwo
Jengkole," ujare bapake karo ngguyu.
"Ora!" pambengoke Sari.
Dheweke mlaku ing kursine karo mbesengut.
"Sing ngambu ababmu rak wong
liya ta Sar, kowe dhewe ya ora nyadhari," ujare bapak.
"Ya jelas mambu, wong olehe
sikatan nek kelingan thok kok. Lha kelingane ki mung seminggu pisan. Kuwi wae
ndadak ibuk kudu bengok-bengok neng ngarep kamar mandi," ujare ibu.
Sari jengkel njur mak nyat
nglungani. Mlebu kamar njur mapan turu tanpa sikatan.
Sesoke Sari mangkat sekolah
bareng karo Rina, kanca rakete. Rina, bocah manis sing nganggo kacamata lan
nduweni untu putih miji timun kuwi tansah menehi permen menthos marang Sari
saben isuk.
"Eh Rin, kenang apa sih
saben isuk kok kowe menehi aku permen menthos?" pitakone Sari marang Rina nalika Rina ngelungake permen menthos.
"Nek takwenehi ngerti sing
satemene, mengko gek kowe nesu," ujare Rina sajak wedi.
"Ora. Awake dhewe rak
kekancan apik ta," wangsulane Sari.
Rina meneng sedhela njur unjal
ambegan tuli nyambung gunem.
"Ababmu badheg,"
kandhane Rina cekak aos sing jujur.
"Ha?" Sari mlongo. Rina
manthuk.
Sasuwene iki tibake Rina ora wani
ngandhani Sari menawa ta ababe Sari mana mambu banget, Rina wedi natoni atine
Sari. Mula Rina saben isuk tansah menehi permen menthos marang Sari, pamrihe
supaya Sari njur ngerti karo apa sing dikarepake dening Rina. Ning emane Sari kok ora mudheng.
Sakwise ngerti sing sakbenere Sari rumangsa kisinan marang Rina lan
kanca-kancane. Isiiin banget.
"Eh Sar, aku kok nduwe
pamikiran kaya mangkene: mungsuh taekwondomu kuwi kalah merga ora kuat mambu
ababmu. Lha wong cene mambu tenan kok," ujare Rina karo mesem.
"Ha? Apa iya ta?" Sari
kaget.
"Ora Sar, guyon kok,
hehehe.... Mula ta mulai saiki sing sregep sikatan ya," pituture Rina.
Sari kisinan.
"Eh, arep ndeleng topeng
karo klambi nari warok sesuk ra? Mbah Kungmu lho sing nggawe," ujare Rina
Sabanjure
Sari dan Rina mbukak tas kresek ireng. Bocah sakloron njomblak.
"Wah
apik tenan iki! Matoh!" aloke Rina.
Ewadene
Sari kamitenggengen.
"Lha
iki rak Gendruwo Jengkol kae ta," batine Sari.
******************
**Crita bocah iki kapacak ing Jaya Baya no 27 ing Februari 2013